Naskah Drama Bahasa Jawa Tema Pergaulan Bebas - "SI KEMBAR"
SI KEMBAR Panggonan : Ing sekolahan Dharma Bhakti sing ana pinggir kutho alias ndeso . Omah e mbok Minah . Omah pak lurah lan bu lurah . KUA Inneke : bocah ayu , lugu , pinter prawakanne dhuwur putih , rambut e dowo , anak e mbok Minah . Rizal : bocah nakal , nggladrah , ora tek pinter , prawakanne dhuwur , kembaranne jenenge Rizqy . Rizqy : pinter agama , mbeneh , sabar , anak e Pak Lurah lan Bu Lurah . Mbok minah Pak lurah Lan Bu lurah Supir pribadhi 1. Pambuka Naliko isuk budal sekolah , Inneke , Rizal lan Rizqy papasan neng ndalan . Rizqy :”In ?”(nyeluk Inneke seng mlaku dewe) Inneke :”dalem , ana opo Riz ?”(karo nyawang Rizqy sing ning mburine) Rizqy :”mengko apa ana pr to In ?” Inneke :”In shaa Allah nggak enek Riz .”(karo mesem marem amergo mambengi Rizqy ora sempet ndhelok bukune kerono Rizky ana rutinan pengajian) Inneke :”iyo Riz , aku tak dhisek yo ?” Rizqy :”iyo In , ati – ati In .”(Inneke mlaku ndhisek) Rizal :”sopo Riz kui mau ?” ...