Naskah Drama Bahasa Jawa - PANDEWASANA AWAK
PANDEWASANAn AWAK
(Ing
salah sawijine keluarga ing Kabupaten Blitar kang di ayomi Pak Subek, sing
kauripane ayem masio kahanane uduk wong kang kacukupan lan mbarang -
mbarang enek. Isuk kuwi sak keluarga
mlumpuk neng mejo makan, lagi ngombe kopi lan sarapan. Isuk kuwi pas dino
minggu)
Pak Subek :
sugeng enjing bojoku sing paling ayu lan anak - anakku seng paling pinter lan sregep
Buk Siti : sugeng enjing
Pak
(Retno
lan Ajeng nyauri bareng banjur salaman kalian Bapak Ibune)
Pak Subek : beh anak –
anakku saiki wes gedhe lan ayu
Buk Siti : lhayo,
rumangsaku sek ndek ingi tas gendongi tak susoni lan tak pempesi. Sing sik
kerep nangis mergo luwe
Pak Subek : weh kuwi wis
mbiyen saiki dipikir nyang ngarep ae ojo panggah KSWW
(Buk
Siti nyawang anak’e malah ngetokne banyu moto sakrehno banyu moto kuwi, banyu
moto katresnan)
Retno : sampun Buk mboten usah di tangisi. Sak
niki kula sampun kelas 2 SMK, adhike nggeh pun kelas 2 SD. Njenengan ndonggakne
mawon mugi – mugi kula kalihan adhike dados anak seng bekti lan guna kanggo
Bangsa lan Neggara
Buk Siti : iyo nduk
dongaku panggah ngiringi awakmu (banjur netesne banyu moto)
Pak Subek : wes to pokok
dongone wong tuwek ki manjur. Wes – wes gek sarapan, ojo panggah omong
ae
Buk Siti : lha yo, iki lo Ibbbbuk mau masak oseng
– oseng kangkung, sambel teri, karo tempe goreng
Ajeng : weh enak wi mestian, opo maneh seng
masak Buk Sitaiiy...
(Buk Siti banjur
ngambung Ajeng karo bejo “iso ae adek iki”)
(Kairing sak
lakune waktu lan gantine dino. Bengi kuwi sak wise shalat isya’ Pak Subek
marani Buk Siti sing lagi ngalmun neng kamar)
Pak Subek :
Asalamulaikum Buk!
Buk Siti :
Wa’alaikum salam Mas!
Pak Subek : ana
apa ta iki kok dadak acara nglamun barang
Buk Siti :
eleh yo ora, njenengan ki kemeroh lo
Pak Subek : lheh
wong sehidup samati og’e yo mesti ngerti no. Wes ta omongo, enek op sak jane
kok koyo wong mumet tenan ae. Mbok yo’o lek enek masalah di omongne bojone, ojo
di pendem dewe
Buk Siti :
ngene lo Mas, jane ki ape omong tapi kok sungkan kalian njenengan
Pak Subek : eleh
Buk Buk adewe ki wis rabi 20 tahun kok yo sungkan sungkanan ae
Buk
Siti : Enggeh Mas, Aku ndek ingi wis diabani cah
cah lek sekolah e wis podo wayahe mbayar
Pak Subek : yo
lek wis wayahe ape piye neh
Buk Siti :
Lho yo to njenengan niku mesti ngoteniku
Pak Subek : Haha
ben ora sepaneng Buk
Buk Siti :
Enggeh jane Mas., tapi lek aku yo ora iso lek ora miker Mas
Pak
Subek : Aku meneng – meneng jane yo mikir Buk. Op meneh kerjoku duwite ra
sepiro, gek sawahe yo durong panen
Buk Siti :
Opo aku tak melu kerjo ae Mas
Pak Subek : Ojo
Buk wis urus ana omah ae, tak Aku ae sing golek duwit
Buk Siti :
Nggeh lek Aku kerjo niku wau tasih tanggungganku
Pak Subek : Ojo
Buk wong awakmu lo wis “longlit” kok reko reko kerjo
Buk Siti :
Tapi lek aku mung lunggah lunggoh tok yo ra betah
Pak Subek : wis
ta lah Buk, Aku ki wegah sampean kekeselen apa maneh lek nganti lara
Buk Siti :
yo wis tak manut bojoku mugi mugi njenengan ngrubah pikiranmu
(Buk
Siti tansah pangggah kepikiran marang ojo lan anak anak e. Senajan di penging
mikir karo bojone nangingg tansoyo mundak ngendeng, sansoyo nganti tibo loro )
Buk Siti :
Mas... Mas... Mas... Njenenggan eng pundi
Pak Subek : Eh
eh eh enek opo, aku nin kene kilo
Buk Siti :
Beh mripatku rasane kok mbblereng, sirahku tansoyo kudu cepot, awakku lemes
tenan
(Ora
suwi teko kuwi, Buk Siti malah smaput lan Pak Subek cekat cekat gowo nek RS)
Pak Subek : piye
Dok, bojoku loro opo?
Dokter :
ngenten Pak, garwone njenengan niku gerah diabetes militus kalian kekeselen
Pak Subek : Astogfirullah
haladhzim. Apa ya bahaya Dok
Doker
: Penyakit niki mboten wonten
tambane pak,nanging obate entene damel nyetabilne gula darah.
Pak subek : beh
lha kuwi.
(gang
sedeluk buk siti tangi lan iseh bingung nyang ngopo kahanane neng kono)
Buk siti :
jane aku iki neng ngendi lo,kok akeh men wong loro?
Pak subek :
njenengan wau ki semaput terus tak gowo rene.
Buk siti :
sek ta, tapi aku ora loro to?
Pak subek :
janjio disek lek tak omongi nko rasah kaget lan malah marakne pikiranmu.
Buk siti :
enggeh pak.
Pak
subek : penyakitmu ki diabetes melitus.tapi ojo panggah tok pikir ae yo
buk.elingo yen anakmu jek butuh awakmu.
Buk siti :
hoalah mas-mas enek ae pacobanku .
(2
tahun bar kui penyakite bu siti tambah rena-rena maleh dadi komplikasi lan
akhire di timbali marang gusti )
(
Retno ngrasa dadi wong sing paling sedih sak dunyo. Mergo dee urung siap
nggajuli perane ibuk e du nggo adhine. Sak bubare masalah kui Retno ngurung
awake neng kamar)
Pak Subek :
Nduk.. we ki jane opo ra butuh luwe, ra butuh omong-omongan po piye?
Retno : Enggeh , Pak. Mangke mawon
(
Pak Subek bingung tenan amarga anak
prawane metu kamar mung boro adus tok, wis genep seminggu tekan ora enek Ibuk
e)
Ajeng :
Mbak Yu, ayo maem bareng aku...
Pak Subek : Kae
lo golek i adekmu, we op ora kangen to?
Retno : Kula niku kangen marang Ibu Pak
Pak
Subek : huts omong opo lo kowe ki. Mbok yo ojo dipiker nemen – nemen, lek we
koyo ngunu kuwi ki Ibukmu yo sedih mergo we durung ihklas
(Mulo
teko kuwi Retno maleh gelem metu kamar)
Retno : Ngampunten nggeh Pak kula mboten saget
nyikapi masalah kanthi dewasa lan malah nambahi pikirane njenengan....
Pak Subek : Iyo
nduk ora popo, wis tak maklumi. Saiki gek mlebu jeding ndango kramas lan
guwak’en pikiran elekmu
Retno : Enggeh Pak
(Retno
langsung cekat – ceket mlebu jeding
banjur adus kramas)
Retno : Pak monggo sak niki teng makam’e Ibuk
!
Pak Subek : Iyo
nduk. Mari ngene yo...
(sak
wis e teko makam)
Ajeng : Aku engko bubuk mbi saman!
Retno : lha nyapon ra bubuk dewe
Ajeng :
Emoh, Aku kan kangen saman. Mbak Yu, Ibuk ki saiki opo wis nek suwargo?
Retno :
Yo uwis no kan Ibuk mbeneh dadi langsung nek suwargo. Makane awakmu ojo nakal
ben sok koyo Ibuk
Ajeng :
ho’oh yo Mbak Yu... Aku sok kudu koyo Ibuk. Ojo nanges eneh yo Mbak!
Retno :
Ora lah kan Aku kuat
(Sak
wise 100 ane Buk Siti, Retno sansoyo nyelot dewasa saben nanggepi masalah. Tapi
sak kuat – kuate Retno panggah iso trenyuh saben nyawang konco kancane sing
keluargane utuh)
Retno : hoalah yo – yo kok ngenemen uripku. Tapi
guti pangeran ora bakal maringi coban ngeluwihi wates kemampuan
(Tanpa
sadare Retno, Pak Subek ngrungokne sambbatane Retno. Atine Pak Subek nyelot
nelongso)
Pak Subek : Nduk
– nduk.... Reneo ta tak omonggi!
Retno : enggeh Pak
Ajeng : okay – okay siap!
Pak Subek :
sajak e anak – anakku cahayane padang tenan
Retno
: Enggeh no mugi – mugi panggah
ngenten terus Pak. Pun moten usah susah lan sedih – sedihan
Pak Subek : Jan
siip tenan wis!
(Sak
bubare kuwi Retno pengen nerus ake pendidikane ing salah sawijining instansi ing Malang, nanging durung ijin
Bapak’e)
Retno : Pak Bapak! Ngeten lo kulo ajenge
petung kalihan njenengan
Pak Subek : piye
– piye nduk enek opo?
Retno : kulo niki kan tasih pengen nerus aken
pendidikane kulo
Pak Subek : Lha
sermu tok sambi karo kerjomu opo piye?
Retno : Enggeh Pak. Cita – cita kulo niki sekolah
engkang duwur . kersane saget kerjo
penak
Pak subek : Iyo
nduk. Seng kok karep ki panggonane neng ngendi
Retno : Dateng Malang mroiko Pak. Kulo ajenge
mundhut jurusan kedokteran
Pak Subek : Iyo
nduk tak restoni, mugi – mugi Gusti kinabul dongo mu
Retno :
Enggeh Pak, Amin
(Kaireng
mlakune wektu, tanges dadi guyu. Saiki uripe Retno lan keluargane maleh dadi
mulya lan cita – cita ne Retno kawujud dadi “Dokter”. Ora enek mandek – mandeke
ngucap syukur)
Comments
Post a Comment