Naskah Drama Bahasa Jawa Tema Pergaulan Bebas - "SI KEMBAR"
SI KEMBAR
Omah e mbok Minah .
Omah pak lurah lan bu lurah .
KUA
Inneke : bocah ayu , lugu , pinter prawakanne dhuwur putih , rambut e dowo , anak e mbok Minah .
Rizal : bocah nakal , nggladrah , ora tek pinter , prawakanne dhuwur , kembaranne jenenge Rizqy .
Rizqy : pinter agama , mbeneh , sabar , anak e Pak Lurah lan Bu Lurah .
Mbok minah
Pak lurah Lan Bu lurah
Supir pribadhi
1. Pambuka
Naliko isuk budal sekolah , Inneke , Rizal lan Rizqy papasan neng ndalan .
Rizqy :”In ?”(nyeluk Inneke seng mlaku dewe)
Inneke :”dalem , ana opo Riz ?”(karo nyawang Rizqy sing ning mburine)
Rizqy :”mengko apa ana pr to In ?”
Inneke :”In shaa Allah nggak enek Riz .”(karo mesem marem amergo mambengi Rizqy ora sempet ndhelok bukune kerono Rizky ana rutinan pengajian)
Inneke :”iyo Riz , aku tak dhisek yo ?”
Rizqy :”iyo In , ati – ati In .”(Inneke mlaku ndhisek)
Rizal :”sopo Riz kui mau ?”
Rizqy :”konco sak kelas mas , anak e mbok Minah .”
Rizal :”aku kok yo ora tau weruh to Riz ?”
Rizqy :”lhah mosok to mas ?”
Rizal :”iyo Riz ,cah kui apa yo pinter ? , koyok awakmu Riz .”
Rizqy :”ho’oh , malah ijik luwih pinter Inneke ketimbang aku seng panggah rangking siji ket kelas 10 gek saiki wis kelas 12 arepe lulus .”
Rizal :”oalah .”
Rizqy :”iyo mas , enek opo lo ?”
Rizal :”ora nyapo – nyapo .”
2. Wiwitan Anane Dedrah (Awal Masalah)
Sak wise Rizky lan Rizal omong – omongan cah loro kui cekat ceket mlebu sekolah , amergo bel sekolah wis muni . Ryzqy ndang – ndang mlebu ing kelas 12 IPA 3 lan Rizal mlebu ing kelas 12 IPS 1 .
Jam 1 awan bel muleh muni , tondo yen kabeh murid kudu muleh . nanging , Rizal ora langsung balek . Rizal kro kanca – kancane seng ora nggenah bablas ana warung sing ana mburi pasar kutho . Sing terkenal panggone wong – wong sing ora nggenah . nganti jam 10 bengi si Rizal ora muleh – muleh nek omah nganti Bu Lurah bingung .
Bu Lurah :”Riz , Rizqy ?”(karo nada bingung)
Rizky :”wonten nopo Buk ?”
Bu Lurah :”si Rizal menyang ndi to le ? kat awan mau ora muleh .”
Rizqy :”menawi wonten teng nggriyane rencang e , dhamel kerja kelompok .”
Bu Lurah :”kok yo ora pamitan .”
Rizqy :”dhuko lho buk , kulo mboten mangertos mas Rizal nggeh mboten tumut wangsul kulo .”
Pak Lurah :”ana opo to ? kok rame – rame .”(karo medun soko tingkat)
Bu Lurah :”niki lo pak , si Rizal kok mboten wangsul – wangsul .”
La ora kroso moro – moro Rizal mlebu ngomah karo keadaan egla egle , ngomong komat kamit koyo wong edan .
Pak Lurah :”lhah ora usah dipikir lak ngko yo muleh .”
Bu Lurah :”la niku pak larene , sampun wangsul .”(karo marani Rizal nek ngarep lawang)
Pak Lurah :”Rizqy , tulong papahen mas mu ning njero kamar !! ngene iki lho Buk sing dipikirne malak nyepelekne , jan ngisin – ngisini .”
Rizqy :”enggeh pak .”(karo mlaku mapah Rizal munggah ning njero kamar)
Bu Lurah :”la enggeh lo pak , teng nopo kok Rizal benten khaleh Rizqy , kok iki malah suwalike .”
Pak Lurah :”nggeh ngoten niku bu , jenenge kakang adi mesti bedo sifate .”
Sak wise kejadian Si Rizal koyo ngono kui , sesuk e bu Lurah lak pak Lurah arep metu seminggu amergo ana kepentingan sing ndadak . isuk – isuk mbok Minah uwis teko , terus langsung nyepak – nyepakne panganan nggo keluaragane Pak Lurah.
Mbok minah :”niki bu , dhaharan ipon sampun kulo siapne .”
Bu lurah :”oalah enggeh mbok , matur nuwun . mbok , kulo khaleh bapak mangke badhe enten keperluan teng Jawa Tengah seminggu , kulo titip nggriyo khaleh Rizal lan Rizqy nggeh .”
Mbok minah :”nggeh Bu .”
Bu lurah :”kardene Rizal lan Rizqy nggeh libur seminggu , libur bar ujian mbok , dadi nggak tek susah – susah .”
Mbok minah :”enggeh Bu.”
3. Pucuk Ing Masalah (Klimaks)
Pak Lurah lan Bu Lurah budhal menyang Jawa Tengah suwine seminggu . Rizal senenge ora karuan amergo iso bebas dolan karo kanca – kancane . tanpo diseneni Pk Lurah lan Bu Lurah . keesokan harinya ;
Mbok minah :”nduk awakku ora penak , sampeyan opo iso ngganteni ibuk kerjo ning omah e Bu Lurah ? amergo ibuk wes peseni Bu Lurah kon ngramut .”
Inneke :”inggih buk , kulo saget nggentosi panjenengan .”
Mbok minah :”wes nduk , ndang budal o . selak kawanen ngko masak o dhisek yo . mari ngono resik – resik ngomah lan ngresiki taman .”
Inneke :”inngih buk , sakniki kulo tak bidal rumiyen .(karo salaman)Assalamu’alaikum.”
Mbok minah :”iyo ati – iyo . wa’alaikumussalam .”
Sak nalika Inneke budal ngganteni ibuk edadi pembantu ning omah e Bu Lurah lan Pak Lurah , ora suwi Inneke wes teko ngomah e Bu Lurah lan Pak Lurah .
Inneke :”Assalamu’alaikum ? ”(karo ngetuk lawang)
Rizqy :”wa’alaikumussalam , (karo mbukak lawang) , lhoh In , nyang opo nek ken? ”
Inneke :”aku ngganteni ibuk ku ning kene .”
Rizqy :”oalah iyo , mlebu o .”(ning ati seneng amergo Rizqy iso nyawang Inneke , masio ora nek sekolahan . sak janne Rizqy dhuwe rasa ning Inneke wes suwi , ning kenyataan ne Rizqy ragu yen ngungkapne , saiki isone mung nyawang tok)
Pas Inneke masak lan nyepakne panganan ora ngerti lak neng ngarepe ana si Rizal sing ngadek ning ngarepe Inneke, lan ora sengojo ngutahne banyu ing klambine Rizal.
Inneke :”astagfirullah .”(bar nabrak Rizal)
Rizal :”(mung nyawang)lhoh sampeyan ndhek kene nyapo In ?”
Inneke :”aku ngganteni ibuk ku .”
Rizal :”oalah sampeyan anak e mbok Minah to ?”
Inneke :”inggih mas,ngapunten mas goro – goro aku klambine sampeyan dadi reged.”
Rizal :”ora opo – opo In .”
Sak wise kedadean mau , Inneke nglanjutne gaekne teh kanggo Rizal lan Rizqy . banjur Inneke resik – resik omah , nyirami kembang , lan umbah – umbah . sak suwine Inneke yen ngganteni ibuk e kerjo saiki wis 6 dino lan dilanjutne sampek ibune sehat .
Rizqy :”Inneke aku ngko muleh bengi dadine ngko sampeyan tunggu ngomah dhisek yo ?”
Inneke :”inggih ,”
Banjur Rizqy budal menyang pengajian diterne supir pribadine , ora let sui Rizal metu karo mindak – mindik , Rizal wedi keruan Inneke & Rizqy yen dolan karo kanca – kancane seng nggladrah kui . jam 8 bengi Inneke wira – wiri amergo khawatir marang ibune . Inneke wedi muleh amergo dikeki amanah dikon njogo ngomah sampek Rizky muleh pengajian , Inneke mara – mara krungu suara wong nggedor – nggedoe lawang , pikiranne bungah amergo dikiro sing nggedor lawang Rizqy . pas dibukak tibakne sing ana malah Rizal sing keadaanne mabuk gleyar – gleyor . banjur Inneke mapah Rizal menyang kamar e , ora disongko – songko pas Inneke arep metu teko kamar Rizal malah ngrangkul Inneke teko mburi banjur dglempangne menyang kasur , lan Rizal langsung nutup lawang .
Inneke :”aduch Zal , nyang opo sampeyan ?”(karo nangis)
Rizal :”wes to In manut o !”(karo ngomong kasar)
Inneke :”aku gah , sadar o to sadar oo Zal ! ”(tanganne wes dicekel Rizal lan Inneke brontak amergo wedi)
Rizal :”wes to meneng o !!”
Inneke :”tapi Zal aku wegah !!!!”(karo mbrontak lan ora sengojo sirah Inneke natap mejo sanding kasur , sak kal Inneke semaput lan Rizal langsung nglakoni rencanane)
4. Ngrampungi Konflik
jam wes nunjukne jam 10 bengi , Rizqy banjur muleh . Rizqy kaget amergo lawang ngarep mbukak langsung Rizqy mlayu mlebu ngomah , lan Rizqy luweh kaget eneh amergo krungu suoro wong nangis , banjur Rizqy langsung nggolek i lan ketepakan suoro kui ing njero kamar e Rizal . Rizqy curiga langsung mbukak lawang .
Rizqy :”ono opo iki ? (kaget mergo Inneke nangis nggugluk lingguh nek mester , langsung Rizqy marani Inneke lan nakok i apik apik) ono opo In ?”
Inneke :”akuu ,,,, aku ,,,,,”(karo nangis nggugluk)
Rizqy :”wes ayo In metu ko kamar iki !”(karo nggandeng Inneke metu ko kamar lan mlaku ning ruang tamu)
Inneke panggah nangis , Rizqy bingung campur kecewa mergo mas e kesayanganne dadi koyo ngene . banjur Rizqy nyidek i Inneke lang ngekek i banyu putih ning Inneke . bar kui Inneke di jarne turu ning sofa ruang tamu . sesuk e jam 5 isuk pak lurah lan bu lurah muleh . pak lurah kaget amergo amergo Rizqy lan Inneke turu neng sofa ruang tamu . banjur pak lurah nakok i Rizqy .
Pak lurah :”ana apa iki ?”
Rizqy :”ngeten lo pak .”(Rizqy nyritakne opo sing di lakokne Rizal menyang Inneke)
Pak lurah :”neng ndi saiki Rizal ? ,ZALLLL ! ”(karo mbengok - mbengok)
Rizal :”opo ?”(suoro ko kamar e Rizal)
Pak lurah :”reneo to!”
Rizal :”yo sik to , rausah nyusu – nyusu, (mlaku ing ruang tamu) opo to pak ? enek opo ?”
Pak lurah :”opa opo ae , opo sing sing kok lakone ning Inneke , kok sampek koyo ngene ?”
Rizal :”ora tak apak – apakne ?”
Pak lurah :”jujur o kowe !”(karo meh ngaplok Rizal)
Rizal :”yo yo tak konokne .”
Pak lurah :”konokne opo ?”
Rizal :”yo dikonokne”
Pak lurah :”saiki piye tanggung jawabmu ning Inneke? ”
Rizal :”tanggung jawab opo ? la wong yo ora meteng eg .”
Pak lurah :”(langsung ngaplok Rizal) kowe bocah kok koyo ngono ! kowe kudune tanggung jawab ning Inneke , kudu ngrabi Inneke saiki gelem ora gelem , yen ora gelem metuo ae ko ngomah kene selawase .”
Rizal :”yo wis lek karepe koyo ngono kui , aku tak metu ko ngomah iki .”(langsung ngaleh njupuk tas ing njero kamar e)
Pak lurah :”kono ndang metu rausah mbalik .”
Rizal :”iyo iyo .”
5. Panutup
Bar kejadian kui Bu lurah nangis mergo anak e minggat ra karuan parane . Banjur Inneke isane mung meneng neng ngomah e Pak lurah lan Bu lurah , ora let sui Mbok Minah teko .
Mbok minah :”assalamu’alaikum wr wb .”
Pak lurah & Bu lurah :”wa’alaikumussalam wr wb .”
Mbok minah :”bu ngapunten Inneke nopo teng mriki ? , kok wau dhalu mboten wangsul teng griyo .”
Pak lurah :”hooh mbok , Inneke nek kene , kae .”(karo nduding)
Mbok minah :”lhoh nyang opo nduk sampeyan ?”
Rizqy :”ngeten lho mbok .”(Rizqi nyritakne opo seng wes kedadean)
Mbok minah :”(kaget)astagfirullah nduk , gek piye iki ?”
Rizqy :”mpun mbok kulo mawon sing tanggung jawab , kulo ikhlas ngrabi Inneke , amergi kulo tresno kaleh Inneke .”
Pak lurah :”yo wis le , lek karepe awakmu koyo ngono kui bapak lan ibuk ngrestoni opo sing mok lakoni .”
Mbok minah :”Ya Allah , matur nuwun sampun tanggung jawab ,”
Rizqy :”nggeh mbok , mboten nopo nopo , matur nuwun pak buk sampun ngrestui kulo , kulo bakal ngrabi Inneke sak sampune ujian kulo mantun , seminggu malih pripun ?”
Pak Lurah :”hooh wis le , bapak karo ibuk tak nyiapne opo opo sing di gae .”
Rizqy :”nggeh pak buk matur nuwun sanget .”
Ujian wes bar , Inneke lan Rizqy dinyatakne lulus bar pengumuman , Inneke lan Rizqi rabi cilik cilikan menyang KUA , lan nek ngomah dipasangi terop cilik kanggo acara resepsine . Bar rabi Rizqy ngedekne usaha toko cilik cilikan kanggo kebutuhan ndino ndino . lan Rizal wes ketangkep polisi amergo kepergok lagi nyabu ing mburi pasar karo konco – koncone .
TAMAT
Comments
Post a Comment