Naskah Drama Bahasa Jawa - Gagal Dolan

GAGAL DOLAN

Ing awijining Desa ingih menika Desa Karangsari wonten keluarga alit kang urip pas-pasan kumpul wonten ruang tamu, Bapak ingkang nembe wangol nyambot damel katon lunggoh santai di sambi nyekel topi seng di damel kipas – kipas karo ekspresi kesel. Ujung-ujung anak loro moro kabeh dateng ruang tamu.
Lina    : Bapak
Lisa     : Bapak kok mpon wangsol?
Bapak : Ues Lin, Lis
Lina    : kadingaren Pak wangsule yah menten?
Bapak : iya Lin
Lina    : Bapak .... pripon  penyambot gaweane panjenengan ?
Bapak : Yo ngono kae Lin
Lisa     : Bapak nopo di dukani kaleh bose?
Bapak : Enggak Lis
Lina    : Entenapa kok pasuryane njenengan katon nane lesu?
Ujung – ujung Ibu dateng teng ruang tamu sambi mbeto teh anget di gawe sak keluarga. Ibu e nrenjel omongane Lina karo Lisa.
Ibu      : Bapak kan nembewangsol nyambot gawe dadi pasuryane Bapak katon lesu. Iyo to Pak?
Bapak : (ngguyu)
Lisa     : Bapak Lisa ajenge tanglet?
Bapak : Enek opo Lis?
Lisa     : Bapak, Ibu anu lo Pak Bu?
Bapak : apa ta apa aja ngawe Bapak karo Ibu bingung
Lisa     : Ibu , Bapak Lisa pengen maneh di ajak dolan kapan dolan meneh
Lina   : Enggeh Lina ngeh pengen maneh. Lina kangen pas nalika dolan bareng Ibu kaleh Bapak
Ibu      : Kapan – kapan ae ya sayang. Pas adewe wes ndue duet seng akeh dolan ya
Lina, Lisa       : iya... api kapan?
Bapak : sabar disek ta yo!
Lisa     : beh sabar terus. Mengko kesabaran ku entek
Lina    : Bosen.... kat mbiyen di kon sabar terus
Ibu      : Ssssst.... Lina, Lisa nggak oleh ngomong ngono kui. Mesakne Bapak, Bapak kan wes kerja di gawe kalian kabeh, kudune kalian kui isa ngregani Bapak
Lisa    : goro – goro awakmu sih Lin!
Lina    : apa iki awakmu sing mulai disek
Lisa    : lo kok aku?
Lina    : Lek gak awakmu sopo neh?
Lisa    : Yo awakmu lah
Ibu      : Uwes – uwes Lis, jupukno gedangg ggoreng ning pawon!
Lisa     : Enggeh Bu
Lisa mendet gedang goreng ning pawon bar ngoten niku kabeh sak keluarga mbalek nglanjutne omongane seng di omongne mau
Lina   : Bapak... Lina asal tangklet nopo mboten?
Bapak : arep takon opo na?
Lina   : Napa Bapak mboten bosen nyambot gawe terus?
Bapak : yo enggak to sayang, Bapakkan kerjo nge keluarga iki, Bapak iklas njalanine
Lisa     : Emange Bapak mboten kesel?
Bapak :  Ya jelas lah .... tapi jeneng eya urip. Susah seneng kudu di lakoni
Ibu      : Mekane kalian kudu sabar. Uwong sabar di sayang Tuhan
Lina    : lih, tapi kula kaleh Lisa pengen banget dolan – dolan
Ibu     : Iya, tapi lek kalian  sabar disek enek rencana seng lueh apik ko Tuhan
Lina, Lisa       : Ibu ki behh
Ujung – ujung Bapak mak nyat langsung ninggalne ruang tamu terus Bapak mbalek wonten njero ngomah kaleh mbeto kaleng celengan Bapak.
Lisa     : napa niku Pak?
Lina    : koyok e kui tabunggane Bapak deh
Lia       : sok ngerti kowe
Bapak : Iya iki tabungan bapak
Lina    : Yata pener (meleti ning Lisa) terus niku di gawe napa Pak
Bapak : Bapak arep mbongkar celengan Bapak
Ibu      : Iya Pak Ibu manut njenengan
Lisa     : Lah kok di bongkar ... Aja di bungkar pak, di gawe napa Pak?
Bapak : Jarane nge dolan, dadi Bapa bongkar tabungan Bapak, terus sesok iso dolan
(Suasana njero ngomah sepi sedelut)
Ibu      : Loh kok podho meneng ? nyapo kok ora seneng kudune seneng kan sesok iso dolan.
Lina    : E.... e... e mboten usah mawon pak.
Bapak : Enggak usah nyapo Lin?
Lina    : Mboten usah dolan, dados tabungane Bapak mboten usah di bongkar
Bapak : Loh emange nyapo Lin ?
Lina   : Njenengan simpen mawon pak !
Lisa     : mending bapak simpen mawon, tabungan bapak didamel kebutuhan liyane/ digae sesok e emben
Bapak kaleh Ibu Lina, Lisa kathon seneng banget amorgo anak e wes isa ngerteni wong tuane sing urip kang pas pasan. Lan Bapak empun langsung omong
Bapak : Tenan po piye to nduk?
Lina,Lisa : Enggeh Pak
Ibu     : Yakin.... dolan lo?
Lina, Lisa : Yaken kok Bu
Bapak : yen ngana, tabungan Bapak di sempen maneh ya?
Lina, Lisa : enggeh Pak
Ibu      : lah ngono baru anak Ibu kaleh Bapak. Lino dino kalian kudu bersabar Ya
Lina, Lisa : Siap bos
Ibu     : Ibu bangga karo kalian (karo ngusap rambut Lina lan Lisa)
Bapak : Bapak iya bangga karo kalian
Lan uga Lina lan Lisa mesem nggguyu nyawang Bapak Ibu e

Download Filenya Disini

Komentar

Postingan populer dari blog ini

DOWNLOAD CONTOH SURAT LAMARAN DAPUR MBG

LAPORAN PENDAHULUAN DIARE

Download Undangan Tonjokan: Solusi Praktis dan Efisien untuk Pernikahan (Format MS. Word)