CONTOH PIDATO - Dirgahayu Kemerdekaan RI
Tema
Dirgahayu
Kemerdekaan RI Ke-74
Bismillahirrahmanirrahim
Assalamu allaikum Wr.Wb
Innalhamdalillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaqfirruhu,
wana’uudzubillahi min Syuruuri anfusina wa min Sayyiati a’maalina, may
yahdihillahu fala haadiyalah asyhadu an-laaillaha
illallah wa asyhadu anna muhammadan abduhu warasuuluhu …
“amma ba’d”
Lumintuning sih wilaso ing ngarsodhalem Allah S.W.T.
mugi tansah tumandhuk dhumateng sedhaya kawulanipun.
Nuwun..
·
Katur dhumateng para alim, Ulama, Bapak Kyai, Ibu Nyai, ingkang
tansah kulo taqdhimi.
·
Para Pepundhen, para Sesepuh, Pinisepuh, ingkang satuhu pana ing
pamawas ledha ing pitutur khiblat ing panembah ingkang pantes pinundhi soho
kinabekten.
·
Katur dhumateng Bapak Kelapa Desa Karangsono sumambrah
sedhaya perangkatipun ingkang satuhu kinormatan.
·
Katur dhumateng Bapak-bapak Babinsa/Babinkamtibmas Desa
Karangsono ingkang satuhu kinormatan.
·
Dhumateng Satrianing negari ingkang pantes tampi pakurmatan.
·
Kadhang mudha warda sumrambah segenap panitia penyelenggara
“DIRGAHAYU REPUBLIK INDONESIA kaping 74 Tahun 2019 ingkang pantes sinudarsono.
·
Bapak saha Ibu tamu undangan ingkang kinurmatan.
Langkung rumiyen
Nun Inggih karana cundhuk kaliyan kuncaraning bangsa ingkang linambaran
agunging “PANCASILA” sumonggo panjenengan sedaya kulo dherekaken, manungku pujo
miwah puji syukur wonten ngarso dhalem Gusti Ingkang Maha Kawoso. Inggih awit
saking lumintuning barokah soho rohmad, satemah hambabar daya. Pangaribowo
ingkang tumanduk dumateng kawula dasih, kacihno salebeting kalenggahan wonten dalu
puniko. Panjenengan sedhaya, dalasan kulo saged manunnggal kanthi pinaringan
sehat wal afiat mboten wonten rubedo.
Shalawat salam mugio tansah kaaturaken dhateng Kanjeng
Nabi Muhammad S.A.W. Ingkang kitho antu-antu syafaatipun wonten dhonya ngantos dhumugi
dinten kiamat.
Allahuma Sholialla Muhammad..
Sak dherengipun kulo matur kawula nyuwun agunge sih samudra pangat sami,
awit kulo sampun tumawantun jumeneng wonten ngarso panjenengan mboten ateges
kadhuk wani kirang dhedugo, inggih awit saking tinangisan konco panitia ingkang
supados hanjejeri minongko panoto coro mengeti DIRGAHAYU REPUBLIK INDONESIA KE
74 Tahun 2019 dalu puniko.
Sak dherengipun adicara kawiwitan ing mriki bade kulo kaaturaken
reroncening adicara ingkang sampun karakit dhining para kadhang panitia ingkang
atawisipun.
1. Pambikaan
2. Sambutan-sambutan
3. Do’a
4. Pagelaran Budaya Wayang
Kulit sedhalu natas kanthi dhalang Ki Muh.Hamdani saking tlatah Wonorejo
Lodoyo.
Kanthi lampahan “Petruk
dadi ratu”.
Makaten rantaman
reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kadang mudha warda
panitia.
Pramila puniko purwo madya
pusananing gegayuhan wonten sukolilaning penggalih. Para tamu undangan dalasan
para warga masyarakat dusun Munggalan derekaken laksitaning adicara ngantos
paripurno.
Nuwun
·
Sumonggo adicara ing dalu puniko kabikak kanthi waosan ummul
qur’an mugio saged berjalan lancar, ugi pikantuk ridhlonipun Allah S.W.T. …
Allahadinniyyah Bisyafaati Rosulillah… Alfatihah.
Maturnuwun
Dungkap adicara ingkang angka kaping kalih sambutan-sambutan:
·
Sambutan ingkang angka satunggal Sambutan saking Ketua
Panitia
Dhumateng panggenanipun……
Bapa Tumijan selaku ketua RT./RW sasono kasumanggaaken.
Maturnuwun. …
·
Sambutan ingkang angka kalih saking Bapak Kepala Dusun
Munggalan dhumateng panjenenganipun Bapa Ferri … ……………….. sasono kasumanggaaken.
Maturnuwun. … Makaten
sambutan saking Bapak Kepala Dusun punopo ingkang sampun kaaturaken, mugio wonten
gino faedahipun kangge masyarakat Munggalan.
·
Wondene sambutan ingkang angka tiga
Sambutan saking Bapak Kepala
Desa karangsono
Dumateng panjenenganipun
Bapa Drs.Muhammad Nurhadi sasono kasumanggaaken. Maturnuwun. …
Makaten kalawau sambutan
saking Bapak Kepala Desa Karangsono mugio sageto nambah semangat konco-konco
panitia dalasan masyarakat warga Dusun Munggalan sageto tahun ngajeng
ngawontenaken pagelaran kabudayan ringgit purwo. …. Aamiin.
Dungkap adicara ingkang angka kaping tigo :
3. Doa
Nyuwun dhumateng Bapak
Kyai Drs. Agus Wahid S.Ag. mugio paringo berkah pandhonga’ sasono
kasumanggaaken.
Maturnuwun. ..
4. Dhungkap adicara ingkang
angka sekawan pagelaran wayang kulit:
Ing dalu puniko anggenipun
mengeti DIRGAHAYU REPUBLIK INDONESIA ingkang kaping 74 Tahun 2019 pagelaran
seni budaya wayang kulit sedhalu natas kanthi dhalang Ki Muh.Hamdani ingkang
saking tlatah Wonorejo Lodoyo.
Kanthi lampahan “Petruk dadi ratu”.
Sumoggo mundhut lenggah ingkang sekeco anggenipun amirsani pagelaran budaya
wayang kulit sedalu natas ing dalu puniko kanthi mardu mardikaning penggalih, DIRGAHAYU
REPUBLIK INDONESIA ingkang kaping 74 Tahun 2019.
Sesarengan
dhalang Ki Muh.Hamdani ingkang saking tlatah Wonorejo Lodoyo
kanthi
lampahan “PETRUK DADI RATU”.
Kulo Minangka pranotocoro hambok bilih anggen kawulo sowan matur wonten ngarso
panjenengan sami wonten sasar susuring atur wonten tuno dungkaping atur, tutur
kalantur-lantur soho kuranging subosito ingkang singlar ing reh totokromo kulo namung
saget tumadah asta kekalih nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
KUPAT JANURE KELOPO MENAWI LEPAT NYUWUN PANGAPURO
Kanthi …. A…. sesanti joyo joyo wijayanti tulus lestari Widodo li ring sambikolo
rahayu ingkang tansah pinanggih.
Nuwun. Ing akhiripun …….. .
Wabillahi taufiq walhidayah
Wassalamu Allaikum Wr.Wb.
UNDUH FILE DISINI
Comments
Post a Comment