Naskah Drama Bahasa Jawa Tema Pergaulan Bebas - "Stella"



~ Stella ~

1.      Pambuka

           Ing sawijining kutha ana siji kaluarga kang sugih lan mbeneh sayange dee urip mung karo bapake amergo ibuke ndhak enek . Stella jenenge ayu rupane , lugu , menengan , lan demen tentang balet . Nanging kepinginane sekolah menyang sekolah balet urung kewujud . Tanpo disengojo bapake muleh kerjo lan ngewei kejutan ning Stella .
Bapak :”Assalamu’alaikum Stella  bapak muleh iki ana hadiah ngge awakmu , ayo                      mudun o.”
Stella :”wa’alaikumussalam pak , hadiah nopo lo ?”
Bapak :”ayo lungguh njero sik mosok omong omongan ning njobo gak apik .”
Stella :”enggeh pak .”(mlaku ngetutne bapak e nek ruang tamu)
Bapak :”iki La bapak wis ndaftarno awamu ning sekolah balet demenanmu .” (karo nyodorne kertas)
Stella :”(njupuk kertase) tenan iki pak sampeyan nggak ngapusi to ?”
Bapak :”iyo la , bapak ora tau ngapusi loh .”
Stella :”hehehehe , enggeh pak matur nuwun .
Bapak :”iyo, tapi iki awamu ning asrama nggak opo opo to la ?”
Stella :”enggeh pak mboten nopo – nopo . matur nuwun pak sampun ngabulne kepinginan kulo .”(karo ngrangkul bapak e)
Bapak :”podo – podo la , senenganmu yo senengan ne bapak e”

2.Wiwitan Anane Dedrah (Awal Masalah)

Bapak lan Stella banjur budal menyang asrama balet . Lan nemoni guru ing sekolah balet .
Bapak :”assalamu’alaikum wr wb , bu niki kulo badhe daftarne putri kulo .”
Bu Guru :”wa’alaikumussalam , oh enggeh pak namine nopo Stella Aryani Armodjo ?”
Bapak :”enggeh Bu .”
Bu Guru :”ayo la ,ibuk terne ning kamarmu .”
Stella :”enggeh bu .”
Bapak :”yowes la bapak tinggal muleh ya ? ati ati ning kene lek enek butuh apa apa kari telfon bapak. ”
Stella :”enggeh pak .”(karo salaman karo bapake)
Bapak :”nggeh sampun lek ngoten bu , kulo badhe wangsul riyen , kulo titip putri kulo nggeh .”
Bu Guru :”enggeh pak , sami – sami (karo nyawang bapak Stella ngaleh) ayo ki ibuk terne neng kamarmu .”
Stella :”enggeh bu .”
Ø Sak dawane menyang kamar e Stella , Bu Guru ngobrol – ngobrol tentang urip e Stella . Ora kroso wis teko kamare .
Bu Guru :”iki la kamarmu , iki sak kamar karo Dion mergane mung iki enek e seng kosong .”
Stella :”tapi bu , kan niki bedho muhrim .”
Bu Guru :”tenang ae la , iki ruangan mu bedo kok jik an panggon turumu yo bedo – bedo .”
Stella :”oh , enggeh Bu.”
Ø Sak pungkasane iku Bu Guru ninggalne Stella ing kamar e terus Stella mlebu lan dhelok – dhelok kamar e .
Stella :”yo lumayanlah tapi mosok sak kamar karo cah lanang , kenal ae ora ”(dhelok – dhelok kamar ora kroso enek sing nggaget – ngageti Stella)
Dion :”ekhem , sopo awamu ? nyapo awamu ning kene ?”(karo nyawang Stella)
Stella :”ehhh (kaget) oh aku Stella Aryani Armodjo aku cah anyar , jarene aku kon sak kamar karo awamu .”
Dion :”oalah iyo, aku Dion Manunggala , kamar mu ning nomer 2 aku ning nomor 1 , yo wes aku tak metu . ”(karo ngaleh metu kamar)
Stella :”hemmm , ganteng tapi ketok e nakal deh , ih mikir opo to aku , halah mending toto - toto ning kamar . ”(karo mlaku ning kamar)
Ø Stella ora nyadar yen kat mau isek disawang karo dion .
Dion :”ayu ! , ketok e  aku wes kesemsem karo dek e, kenek dimanfaatne .”(karo ngguyu nakal )


3.Pucuk Ing Masalah (Klimaks)

Wis 3 ulan Stella sekolah ning kunu , hubungan ne karo Dion nyelot suwi nyelot rengket . amben muleh sekolah balet Stella karo Dion ngobrol – ngobrol cilik lan diselingi guyonan .
Dion :”oh iyo La , aku arep ngomong penting karo awamu .”
Stella :”opo Yon ?”
Dion :”aku rumongso nyelot suwi nyelot nyaman karo awamu , aku wegah kelangan awamu ,(karo nyawang Stella)  La awamu gelem opo ora dadi pacarku ?”
Ø Stella kaget amergo omongane Dion , ora kroso Stella mesem amergo Stella yo mendem roso ning Dion .
Stella :”iyo Yon , aku gelem dadi pacarmu amergo aku yo uwes mendem roso ning awamu .”
Dion :”suwon La , wes gelem nompo aku , (karo ngrangkul Stella disandarno ing dadane Dion , Stella ora ngerti yen Dion enek niatan liyan)”
Ø 5 ulan hubungane Stella lan Dion apik , nyelot suwi nyelot rengket , kadang – kadang cah 2 iku turu bareng amergo ora enek seng ngerti yen cah loro kui podo kasmaran . Lain wong  Dion ora kuat ngempet hasrate kanggo niatan elek . moro – moro Dion dhuweni ide elek ning utek e Dion . Pas wayah muleh sekolah Dion gaekne kopi ge wong loro . Dion ngewenehi obat turu ning kopi ne Stella kanggo nglancarke niat elek e .
Dion :”iki La , tak gaekne kopi , sopo ngerti awamu pengen . ”(karo nyodorke kopi nek Stella )
Stella :”hehe , kok ngerti ae Yon lek aku pengen kopi .”
Dion :”iyo nu , jenenge yo pacar mestine ngerti opo sing mok karepne .”(karo mesem)
Stella :”iyo tak ombe yo , suwun uwes gaekne kopi .”
Ø Stella ngombe kopi , Stella ora eroh lek Dion wis mesem sumringah mergo niatan lancar , Stella moro – moro ngroso ngantuk terus Dion nglancarne niat elek e ning Stella .

4. Ngrampungi Konflik

 Wayah isuk Stella tangi turu , Stella kaget amergo turu karo Dion tanpo gawe busono , Stella langsung nggugah Dion karo nangis .
Stella :”yon , tangi ! nyapo aku koyo ngene , mok apakne aku ?”
Dion :”opo to La ?”(karo ngedip – ngedipne moto)
Stella :”opo awakmu ora sadar opo sing mok lakoni heh. ” (karo nggetak Dion)
Dion :”sadar (karo nyawang Stella) amergo aku ora kuat ngempet La ngertenono aku . wes to ojo wedi.”
Stella :”ora kon wedi piye , ngko lak aku meteng , bapak ku eroh aku kudu piye ?”(karo nangis)
Dion :”santai ora – ora lek meteng !”(karo tangi turu mlaku menyang njeding ninggalno Stella)
Ø Wis pirang – pirang minggu kondisine Stella nyelot suwi nyelot mudun , Stella ora konsen sekolah amen kenek senennan gurune , Stella yo ora omong – omongan karo Dion amergo Stella kecewa karo Dion. Lain Stella Dion malah rumongso nyantai ora enek hal opo – opo . Stella mbolak -  mbalik menyang njeding mergo awake kroso gak penak . Stella wedi yen meteng , akhir e Stella njajal tuku alat sing kenek diengge ndhelok dee meteng opo nggak , moro – moro Stela kaget amergo dee positif  meteng .
Stella :”ya Allah , ora m ungkin aku meteng (karo nangis ning njero njeding) piye iki aku wedi .”
Dion :”La , nyapo to kok suwi eram nek njeding metuo to .”(karo nggedor – nggedor lawang)
Stella :”(metu) Yon , awakmu kudu tanggung jawab aku meteng mergo awakmu!”(karo ndudohne alat’e ning Dion)
Dion :”(kaget karo njupuk alat e kui) ora mungkin , awakmu ngapusi to La yo to ?”
Stella :”ngge apa aku ngapusi heh , pokok awakmu kudu tanggung jawab !”
Dion :”wegah , aku emoh !” (karo ngaleh)
Stella :”Yon awakmu sing garai pokok awakmu kudu tanggung jawab !”
Dion :”(moro – moro ide elek muncul ning utek e) gugurno ae lak ngunu !”
Stella :”(kaget) aku ora bakal nggugurne , bayi iki ra ndhuwe salah opo – opo nyapo tak gugurne ?”
Dion :”karepmu lak ngono La ! penting aku wegah tanggung jawab !”(karo ninggalne Stella sing nangis)
Ø Nyelot suwi kandunganne Stella nyelot gedi , gurune curiga karo Stella koyo ora enek sing beres amergo lek sekolah jaketan lan lak ditakoni omonge awake ora penak . Amergo gregeten Stella diceluk Bu Guru lan ditakoni .
Bu Guru :”La , ibu takon jawaben jujur La .”
Stella :”(ndredek) tangklet nopo Bu ?”
Bu Guru :”nyang opo awakmu kok jaketan , biasane nggak tau La , weteng mu nyelot suwi nyelot gedi jujur o karo Ibuk , enek opo ?”
Stella :”(nangis) nggeh bu kulo jujur kulo ngandut Bu .”
Bu Guru :”(kaget) kok iso sopo sing nglakoni heh jujur o karo Bu Guru ?”(karo nyekel pundhak e Stella)
Stella :”Dion bu , Dion sing garai kulo ngeten niki .”
Bu Guru :”kok iso awakmu kan nggak enek opo – opo karo Dion .”
Stella :”ngapunten Bu , asline kulo khaleh Dion enten hubungan liyo tinimbang kekancan .”
Ø Stella nyritakne ko awal nganti akhir e Stella meteng menyang Bu Guru . Bu Guru kaget kok iso cah iki keblabasen , amergo pegel Bu Guru nyeluk Dion lan nelfon bapak e Stella .

5. Panutup

Akhire Dion lan bapak e Stella wes ngumpul , Bu Guru langsung mulai lan nyritakne kabeh ning bapak e Stella , Bpak e kaget kok iso koyo ngene lan pegel karo Dion kok iso metengi anak e .
Bapak :”sak iki piye Le ? , awakmu kudu tanggung jawab opo sing mok lakoni !”
Dion :”ngapunten Pak , tapi kulo dereng siap .”
Bapak :”siap nggak siap kudu kok rampungne masalah iki , mesakne putriku nglairne tanpo bojo .”
Bu Guru :”iyo Yon, sak orane awakmu kudu tanggung jawab karo opo sing kok lakoni!”
Dion :”enggeh lak ngoten kulo purun tanggung jawab dhamel Stella .”
Bapak :”bocah pinter , isek mending bapak ngewei ngapuro ning awakmu Le , La wes ojo nggresulo Dion wis gelem tanggung jawab .”(karo nyawang Stella)
Stella :”enggeh pak , matur nuwun tapi kulo nyuwun ngapunten ingkang kathah pak amergo tindakanne kulo .”(karo nangis)
Bapak :”iyo tak ngapurani ojo dibaleni eneh yo La .”(karo nyawang Stella)
Dion :”enggeh pak , kulo nggeh ngapunten kaleh tindakanne kulo inggakng kelewatan .”
Bapak :”ojo mbok baleni , saiki getun to ?”(karo nyawang Dion)
Dion :”enggeh pak , kulo getun .”(karo ndingkluk)
Bapak :”wes – wes penting bapak wes ngapurani ojo di baleni neh , disimpen ben kenek di ngge pelajaran  , di jupuk hikmah e .”
Stella & Dion :”enggeh pak .”


TAMAT


Comments

Popular posts from this blog

LAPORAN PENDAHULUAN DAN ASUHAN KEPERAWATAN PADA KLIEN DENGAN SYOK SEPSIS DI RUANG ICU

LAPORAN PENDAHULUAN ASUHAN KEPERAWATAN PADA PASIEN AN. M.A DENGAN DIAGNOSA MEDIS KEJANG DEMAM (HIPERTERMIA)