Contoh Artikel Bahasa Jawa


Dampak Lingkungan Kang Reget lan Polusi Sampah
Perkara kang ngengingi sampah mbutahake kawigaten khusus amarga sampah iku dadi perkara nasional. Gagale anggone ngelola sampah nduweni imbas ana ing kualitas kesehatan warga masyarakat, ngrusak estetika kutha, lan ing wektu sak mburi mengko bisa mrebawani ing investor ana ing daerah-daerah.
Miturut ahli kesehatan, polusi sampah bisa ngakibatke dampak kang ora becik kanggo kesehatan, yaiku infeksi saluran pencernaan, kolera, tifus, disentri, lan sakpiturute, amarga laler utawa coro kang bisa nggawa penyakit kuwi mau saka sampah kang numpuk.
Mbuang sampah ing kali bisa nyebabake pencemaran banyu kali. Apa maneh yen ana wong kang  hajat ing kali. Apa dheweke ora mikir yen banyu kali iku penting kanggo uripe masyarakat ing padesan? Pambuangan sampah lan limbah ing kali bisa ngganggu proses banyu ngresep ing lemah.
Apa meneh yen ana sampah-sampah plastik kang ora bisa diurai dening mikroorganisme lemah, bisa ngakibatake numpuke sampah lan limbah. Yen sampah dibuang ing kali, sampah bisa numpuk ing dhasar kali lan nyebabake pendangkalan dhasar kali. Mula ing mangsa rendeng, kali ora bisa nampung banyu, lan bisa nyebabake banjir.
Semana uga dampak saka sampah kang diobong, bisa nyebabake penyakit saluran pernapasan, amarga kebul kang dikasilke saka ngobong sampah kui yen mlebu ing paru-paru bisa nyebabake sesek, apa maneh yen sampahe awujud plastik bisa nyebabake kanker paru-paru.
Kesadaran masyarakat ngengingi pengelolaan lingkungan durung apik, saengga bisa nyebabake bencana saumpama banjir, tanah longsor, lan sakpiturute. Apa meneh lingkungan kang ora becik bisa nyebabake penyakit ing masyarakat, kayata DBD, chikungunya, lan sakpiturute. Mula masyarakat perlu sadhar lan peduli dening lingkungan.
Lingkungan kang reget lan kebak polusi menika kang nyebabake masyarakat ora sadhar ngengengi babagan urip sehat lan akhire nyalahake pemerintah. Perkara lingkungan iku perkara kabeh masyarakat, saengga kita wajib njaga kebersihan lan kesehatanne. Lingkungan sehat yaiku lingkungan kang bebas polusi.
Kebudayaan
Nglestarakake budaya sing ana neng Indonesia dadi babagan sing penting amarga anyak mlebune budaya-budaya asing menyang Indonesia. Kurange filterisasi adhep budaya asing sing mlebu menyang Indonesia nggawe budaya sing ana neng Indonesia anyak luntur mboko setitik.
Dadi contho sing yen ana dina-dina gedhe neng Indonesia masyarakat saiki umume mengeti kanthi cara hura-hura. Kurange kelingan lan ora anane filterisasi dadi ancaman sing serius kanggo kebudayaan neng Indonesia.
Ora mung kuwi, lunture kebudayaan neng Indonesia sangka dene arus globalisasi sing cepet banget, dianyak saka tekhnologi, nganti basa ugo dadi korban.  Awake dhewe delok wae, arang banget anak-anak saiki sing dolanan-dolanan tradisional, sing meraka ngerti mung playstation(PS). kuwi contho sing ala banget kanggo Indonesia.
Dudu mung kuwi akehe kebudayaan Indonesia sing di claim dening negara liya ugo dadi ancaman sing serius banget kanggo bangsa Indonesia, kurang proteksi lan arange ditampilake sawijining kebudayaan kesebuta sing marakake Indonesia wis kelangan akeh budaya utawa diaku duwe negara liya.
Nanging pancen ora etis yen awake dhewe mung ngomongna pengaruh-pengaruh sing bisa nglunturke kebudayaan neng Indonesia. Awake dhewe selaku bangsa lan rakyat Indonesia sakudune eling, kanggo pentinge bentuk sawijining kebudayaan. Dudu mung mahami, nanging anyak saka saiki nyoba kanggo tetep nglestarekne kebudayaan-kebudayaan sing ana neng Indonesia. Kajaba kuwi, kudu ditingkatake dheweke rasa nasionalisme kanggo negara warga Indonesia.
Aja nganti, kedaden-kedaden sing wis bisa nglunturke kebudayaan kedadean maneh ana wektu sing arep teka. Aja uga anak putu awake dhewe, ora ngerti apa kuwi wayang golek,wayang kulit, joged-joged tradisional kaya tari saman, piranti musik tradisional. sarehdene kuwi, nguganana saka saiki kanggo ningkatake rasa kebangsaan, lan nasionalisme, supaya awake dhewe bisa tetep njaga kebudayaan.

Download Artikelnya Disini

Comments

Popular posts from this blog

DOWNLOAD CONTOH SURAT LAMARAN DAPUR MBG

LAPORAN PENDAHULUAN ASUHAN KEPERAWATAN PADA PASIEN AN. M.A DENGAN DIAGNOSA MEDIS KEJANG DEMAM (HIPERTERMIA)

LAPORAN PENDAHULUAN DIARE