SOAL LATIHAN PAS 1 BAHASA JAWA KELAS 5
SOAL
LATIHAN PAS 1 BAHASA JAWA KELAS 5
TAHUN
PELAJARAN 2020-2021
|
NO |
INDIKATOR SOAL |
PREDIKSI SOAL |
|
Wacan kanggo soal nomer
1 – 3 Isih jam setengah wolu. Ing alun-alun wis kebak
uwong. Dina iki ana Festifal Dolanan
Tradhisional sa-kabupaten. Pesertane para siswa SD saka 9 kecamatan. Sing
bakal tetandhingan yaiku wakil saka kecamatan-kecamatan mau. Dolanan tradhisional kang dilombaake, yaiku: egrang, balap karung, gobag
sodor, patil lele, betengan, dhakon, lan gedrig. Bima wis siaga kanthi
egrange. |
||
|
1 |
Disajikan
sebuah teks narasi, siswa
dapat menjawab pertanyaan berdasarkan isi teks tersebut dengan benar |
Geneya
jam setengah wolu alun-alun wis rame kebak uwong? |
|
2 |
Disajikan
sebuah teks narasi, siswa dapat menentukan latar kejadian yang terdapat dalam
teks tersebut dengan benar |
Ing
ngendi latar panggonan cerita kasebut? |
|
3 |
Disajikan
sebuah teks narasi, siswa dapat menentukan paraga/tokoh yang ada dalam teks
tersebut dengan benar |
Sapa
paraga sing dicritaake ing cerita kasebut? |
|
Wacan kanggo soal nomer
4 Bima enggal tumandang ngatonake kabeh ketrampilane.
Lambene ndremimil ndonga, muga-muga bisa menang. Cukat trengginas munggah ing
tlapakan. Cagak egrang kiwa tengen dicekel bakuh. Tangan lan sikile wiwit
maju bareng. Ing babak final iki aturane ora oleh tiba. Yen nganti tiba
ateges kalah. |
||
|
4 |
Disajikan
sebuah teks narasi, siswa dapat menentukan watak
paraga/tokoh yang ada dalam teks tersebut dengan benar |
Kepriye
watake Bima ing cerita kasebut? |
|
5 |
Disajikan struktur teks dheskripsi, siswa dapat menentukan maksud salah satu struktur tersebut
dengan benar |
a.
Strukture
teks dheskripsi sing ngandharake obyek, panggoan utowo barang kanthi umum
disebut …. b.
Terangna strukture teks Dheskripsi sing diarani
klasifikasi! c.
Apa
pangertene Dheskripsi bagean iku? Catatan:
Baca buku Tantri halaman 11 |
|
Wacan kanggo soal nomer
6-9 Sawah ing desaku isih jembar bawera. Galengan kang
matesi kedhoakan siji lan kedhokan liyane kaya klogete ula naga. Sesawangan
nyata katon endah sinawang mata. Tandurane ijo royo-royo. Kali-kali banyune
isih megung tur bening. Kumricike banyu kang mili nyandhung krikil-krikil
cilik. Swarane keprungu kaya iringan musik. Saben dina para tani ngrasa ayem.
Ngirit kebo lan sapine saperlu nggaru lan mluku. |
||
|
6 |
Disajikan
sebuah teks deskripsi, siswa dapat menentukan judul yang tepat untuk teks
tersebut dengan benar |
Apa
irah-irahan kang mathuk kanggo wacan kasebut? |
|
7 dan 8 |
Disajikan
sebuah teks deskripsi, siswa dapat menjawab pertanyaan berdasarkan isi teks
tersebut dengan benar |
a.
Kepriye
suarane kumricike banyu kang mili nyandhung krikil-krikil? b.
Galengan
kang matesi kedhokan siji lan kedhokan liyane digambarake kaya apa? c.
Saben dina
pak tani ngrasa .... |
|
9 |
Disajikan
sebuah teks bacaan, siswa dapat menentukan jenis teks tersebut dengan benar |
Wacan kasebut
kalebu teks .... |
|
Teks kanggo soal nomer
10! Ombake gedhe-gedhe kaya uber-uberan. Banyune
bening. Saambane panyawang mung ana wedhi rupane putih. Ora ana kayu,
wit-witan, apa dene watu kang ngalang-alangi panyawang. Saka kadohan katon
gumuk-gumuk cilik. Sikilku krasa anyep amarga kesempyok iline banyu. Nalika
banyune nyiprat nganti lambeku rasane krasa asin. |
||
|
10 |
Disajikan
sebuah teks deskripsi, siswa
dapat menentukan sesuatu yang dideskripsikan dengan benar |
Kahanan kasebut
nggambarake kahanan ing ... |
|
11 |
Disajikan
sebuah deskripsi salah satu jenis pawarta, siswa dapat menentukan jenis pawarta sesuai dengan deskripsi
yang diberikan dengan tepat |
a.
Pawarta kang kedadeane pancen bener
ana diarani …. b.
Pawarta kang wujud andharane
wartawan utowo andharane wong kang ngalami kedadean diarani …. c.
Pawarta kang wilayah sumebare
tingkat kabupaten/lokal diarani …. Catatan: materi ing buku Tantri kaca 25-26 |
|
|
||
|
12 |
Disajikan
sebuah teks pawarta, siswa
dapat menentukan waktu terjadinya berita
berdasarkan teks tersebut dengan benar |
Kapan kegiatan
ISC tingkat nasional dianaake? |
|
13 |
Disajikan
sebuah teks pawarta, siswa
dapat menentukan penyebab kejadian didalam berita dengan benar |
Kena apa
kegiatan pramuka kok bisa nukulake semangat? |
|
14 |
Disajikan
sebuah teks pawarta, siswa
dapat menentukan tokoh yang diberitakan
dengan benar |
Adhedasar
pawarta kasebut sapa sing bisa melu ISC? |
|
15 |
Disajikan
sebuah teks pawarta, siswa
dapat menentukan pernyataan yang sesuai dengan isi
teks tersebut dengan benar |
Tulisen
informasi pentng saka teks pawarta kasebut 3 wae! |
|
Wacan kanggo soal nomer 16 BANGKALAN – Banjir lan udan dikantheni angin gedhe ing Dusun
Timur, Desa Jalmak, Kecamatan Kota Sampang, Jawa Wetan. Bencana mau
ngobrak-abrik tanduran parine para tani nganti bosah-basih. Pari sing maune
thukul ngadeg jejeg, saiki dadi nglumbruk, nglimpruk, nganti lesoh ora
karu-karuwan. Para tani mbudidaya njejegake pariparine supaya ora kesuwen
kakum banyu udan. "Yen ora diangkat, bisa bosok lan ora payu didol,
amarga wis ora kena dipangan. Senajan bisa dipangan rasane uga wis ora enak,”
kandhane Sutiyem mbok tani ing papan kono, Rabu (13/4/2016). |
||
|
16 |
Disajikan
sebuah teks pawarta, siswa
dapat menentukan sumber berita tersebut dengan benar |
Sapa kang aweh
andharan marang bab kang dirembug? |
|
17 |
Disajikan
sebuah kalimat dalam bahasa krama lugu, siswa dapat menentukan bahasa ngoko
lugu untuk salah satu kata dalam kalimat tersebut dengan
benar |
a. Mas Budi sampun wangsul saking kantor. b. Kula mboten kemutan menawi dinten
menika kedah numbasaken rasukan kagem bapak c. Kalawingi Boma kesah dhateng Malang d. Mbenjing Bima mbeta yatra Basa ngokone tembung
sing ditulis kandel yaiku… |
|
18 |
Disajikan
sebuah kalimat, siswa dapat menentukan pola kalimat tersebut dengan benar |
Udhalen
ukara iki miturut polane (jejer, wasesa, lesan)! a.
Bima tuku gula rong kilo b.
Sesuk Bima nggawa dhuwit c.
Wingi Bima lunga menyang Kediri d.
Bima mulih jam telu |
|
19 |
Disajikan
sebuah kalimat, siswa dapat menentukan jejer, wasesa, lesan, atau katrangan
dalam kalimat tersebut dengan benar |
a.
Bapak tindak kantor jam pitu esuk. Ukara
iki ktrangane yaiku … b.
Esuk mau mbak Ros ngumbah klambi. Ukara
iki lesane yaiku … c.
Upin nyapu latar. Wasesane
ukara kasebut yaiku … d.
Ipin ngresiki latar awan mau Jejere
ukara kasebut yaiku …. |
|
20 |
Disajikan
sebuah pola kalimat, siswa dapat menentukan dengan tepat kalimat yang sesuai dengan pola
tersebut |
Gawea
ukara nganggo pola: a.
J-W-L b.
J-W-L-K c.
K-J-W-K |
|
21 |
Disajikan
sebuah kalimat yang mengunakan
tembung saroja, siswa dapat menentukan makna tembung saroja tersebut dengan
tepat |
a.
Kahanan ing Kelurahan Pakunden katon
ayem tentrem. Ayem
tentrem tegese …. b.
Langite katon sumilak padhang. Sumilak
padhang tegese … c.
Listrike konlet, mulane peteng
dhedhet. Peteng
dhedhet tegese …. |
|
22 |
Disajikan
sebuah kalimat rumpang, siswa dapat melengkapi kalimat tersebut dengan tembung
saroja yang tepat |
Ukara
iki jangkepana nganggo tembung sing mathuk supaya dadi tembung saroja sing
bener. a.
Warga desaku sayuk …. Ndandani
dalan. b.
Amarga kesrempet montor, awake Mail babak
…. c.
Karo tonggo teparo kudu tepa
…. d.
Raden Werkudara iku … pideksa. |
|
23 |
Disajikan beberapa kalimat siswa dapat menentukan kalimat yang menggunakan tembung saroja dengan benar |
Sebutna 10 tuladhane tembung saroja! |
|
24 |
Disajikan
sebuah kalimat rumpang, siswa dapat melengkapi kalimat tersebut dengan tembung
camboran wutuh yang tepat |
Gawea
ukara nganggo tembung camboran ngisor iki: a.
Kacamata b.
Dadar gulung c.
Gedhang goreng d.
Klambi abang |
|
25 |
Disajikan
sebuah kalimat rumpang, siswa dapat melengkapi kalimat tersebut dengan tembung
camboran tugel yang tepat |
Jangkepana
ukara iki nagnggo tembung camboran tugel sing mathuk! a.
Anggone lara wis suwe mulane awake nganti
koyo …. (balung kulit) b.
Kecelakaan ing prapatan esuk mau
mergo lampune … mati. (abang ijo) c.
Kakange bapak/ibu diarani … d.
Adhine bapak/ibu sing wadon diarani
…. |
|
26 |
Disajikan
sebuah kalimat yang mengandung tembung camboran tugel, siswa dapat
menentukan kepanjangan dari tembung camboran tugel tersebut dengan
benar |
Tembung
camboran tugel ngisor iki golekana asale! a.
Dubang saka tembung …. b.
Bulik saka tembung … c.
Pakpuh saka tembung … d.
Barbeh saka tembung … |
|
27 |
Disajikan
sebuah kalimat rumpang, siswa dapat melengkapi kalimat tersebut dengan tembung
entar yang
tepat |
Jangkepana
ukara iki nganggo tembung entar kang mathuk a.
Pak Upin pancen … mula ora tau nesu. b.
Bocah sing … ora disenengi kancane
amargo seneng nyolong. |
|
28 |
Disajikan
sebuah kalimat yang mengandung tembung entar, siswa dapat menentukan
arti tembung entar tersebut dengan benar |
Apa
tegese tembung entar iki? a.
Adus eluh b.
Gedhe endhase c.
Jembar dhadhane d.
Dawa ususe e.
Kandel kupinge |
|
29 |
Disajikan sebuah kalimat, siswa dapat menentukan tembung entar yang sesuai untuk istilah
pengganti dalam kalimat tersebut. |
a. Upin nesu banget amarga disenensi Ros. Nesu tembung
entare … b. Bapakku anggone makarya nganti rekasa. Makarya
nganti rekasa tembung entare … |
|
Wacan kanggo soal nomer 30 WAYAH SORE Srengenge
wis meh angslup. Langite isih katon padhang sumilak.
Bocah-bocah kang dolan ing plataran jembar bawera isih padha suka
parisuka. Bima sakancane isih playon. Kanca liyane ana sing gedrig,
gobag sodor, gatheng, dhamparan, uga ana sing mung ngetutake wedhuse ing
suketan. Ora
padha karo kanca-kancane kang katon sumyah gumbira, Sodin wiwit
mau mung lungguh ijen. Praupane peteng kaya ana bab sing
didhelikake. Karepe Surti arep takon, nanging sedhela maneh mendhung
peteng ing praupane Sodin banjur owah dadi udan
brebel-brebel, mbrebes mili. Bareng
didhedhes, Sodin kandha yen dolanane didhelikake Parmin. Parmin pancen dawa
tangane. Dituturi ibune bola-bali nanging ora nggugu. Parmin uga
pancen kandel kupinge. Yen dielingake kanca-kancane, Parmin
malah kandha yen kanca-kancane kuwi pancen tipis lambene.
Tenan, omongane Parmin pancen ngabangake kuping. Surti
banjur nggoleki Parmin, saperlu nakokake dolanane Sodin. Dhasar Parmin bocah entheng
tangane, ditakoni ngono wae langsung njambak rambute Surti. Surti tiba
glangsaran. Weruh kancane kelaran sing padha dolanan semburat nulungi
sing kelaran. Sore
kuwi langit kang maune padhang sumilak sangsaya mbleret.
Srengenge wis angslup. Sing padha dolanan ngringkesi dolanane, banjur bali
nyang omahe dhewe-dhewe. Sing angon wedhus, padha nggiring wedhuse bali
menyang kandhange. |
||
|
30 |
Disajikan
sebuah paragraf, siswa dapat menentukan tembung
saroja/tembung camboran/tembung entar dari paragraf tersebut |
Tembung kang kacithak miring ing wacan, golongna
manut jinise! (Tembung samboran, Tembung Saroja, Tembung Entar) ·
Tembung
camboran: ·
Tembung
Saroja: … ·
Tembung
Entar: … |
|
31 |
Siswa
dapat menentukan nama tembang yang
termasuk jenis tembang macapat
dengan benar. |
Sebutna
jinise tembang macapat! |
|
32 |
Siswa dapat menuliskan salah satu nama tembang macapat kedalam aksara jawa |
Tulisen nganggo
aksara jawa: a. Maskumambang b. Dhandhanggula c. Kinanthi d. Asmaradana e. Sekar pucung f.
Gambuh g. Pangkur |
|
33 |
Siswa
dapat menyebutkan pengertian guru gatra/ guru lagu/ guru wilangan dengan benar |
a.
Apa tegese guru gatra? b.
Guru lagu yaiku … c.
Guru wilangan yaiku …. |
|
34 |
Disajikan
sebuah tembang macapat, siswa dapat menentukan guru guru gatra tembang
tersebut dengan benar |
Bener luput ala
becik lawan begja, Cilaka mapan
saking, Ing badan
priyangga, Dudu saka wong
liya, Pramila den
ngati-ati, Sakeh dirgama, Singgahana den
eling. Guru gatra
tembang kasebut ana … Bapak pucung
renteng-renteng kaya kalung, dawa kaya ula, pencokanmu wesi
miring, sing disaba si
pucung mung turut kutha Guru gatra
tembang pucung kasebut ana … |
|
35 dan 36 |
Disajikan
sebuah tembang macapat, siswa dapat menentukan guru wilangan dan guru lagu sebuah kalimat dalam tembang tersebut dengan benar |
Bener luput ala
becik lawan begja, Cilaka mapan
saking, Ing badan
priyangga, Dudu saka wong
liya, Pramila den
ngati-ati, Sakeh dirgama, Singgahana den
eling. Guru lagu lan
guru wilangan tembang macapat kasebut yaiku …. Bapak pucung
renteng-renteng kaya kalung, dawa kaya ula, pencokanmu wesi
miring, sing disaba si
pucung mung turut kutha Guru gatra
tembang pucung kasebut ana … |
|
37 |
Disajikan
sebuah tembang pucung yang masih rumpang, siswa dapat melengkapi bagian yang
rumpang dengan kosakata yang tepat |
Jangkepana
tembang pucung ngisor iki nganggo tembung kang mathuk! Bapak
pucung Cangkemu madhep … Sabamu
ing sendhang Pencaanmu
lambung kering Prapteng
wisma sipucung mutah … Bapak
pucung Amung sirah lawan gembung Pada
dikunjara Mati
sajroning ngaurip Mijil
baka si pucing dadi … |
|
38 |
Disajikan
sebuah tembang Pucung, siswa dapat menentukan batangan/jawaban dari tembang
tersebut dengan benar |
Bapak pucung
renteng-renteng kaya kalung, dawa kaya ula, pencokanmu wesi
miring, sing disaba si
pucung mung turut kutha Batangane
tembang ing dhuwur yaiku …. Bapak pucung
rupane amemba gunung, Tan ana kang
tresna, Kabeh uwong
mesthi sengit, Kang kanggonan
den lus-elus tinangisan. Batangane
tembang ing dhuwur yaiku …. bathik alus
wujudmu nenambah bagus, tan ana jaitan,
para kakung
sigrak peni, enom tuwa
angiket ingkang mustaka. Batangane
tembang ing dhuwur yaiku …. |
|
39 |
Disajikan
sebuah tembang Pucung, siswa dapat menentukan makna salah satu kata dalam tembang tersebut dengan benar |
bathik alus
wujudmu nenambah bagus, tan ana jaitan,
para kakung
sigrak peni, enom tuwa
angiket ingkang mustaka. Mustaka
tegese …. |
|
40 |
Disajikan
sebuah tembang Pucung, siswa dapat menjawab pertanyaan yang sesuai isi tembang
tersebut dengan benar |
Pucung Nagri
kita nuswantara subur makmur Murah
sandhang pangan Gemah
ripah loh jinawi Aku
seneng dadi wong indonesia Apa
isine tembang ing dhuwur? |

Comments
Post a Comment